TEMBANG
A.
Pangerten Tembang
Karya sastra timur
utamane Indonesia mligine ing Jawa
wujude bisa kagolongake yaiku :
1. Sinawung
tembang ( puisi )
2. Gancaran
( prosa )
Karya sastra kang awujud
sinawung tembang miangka wujud karya sastra asli bangsa wetan (timur) kadadean saka
pada utawa bait kang bisa diarani puisi Jawa utawa geguritan kang
anggone medharake kanthi ditembangake, dene karya sastra kang awujud gancaran
minangka wujuding karya sastra kang asale saka Negara Manca kulon (barat) kang
kadadean saka paragrap.
Tembang wujuding
geguritan kuna kang ngemu teges :
a. Tembang
kadadean saka rong tembung kang dicombor, yaiku saka tembung “tembung” lan “
kembang” kacombor dadi tembang mengku teges reroncening tembung kang dikembangi
mawa titilaras Slendro lan Pelog
b. Ana
ing serat Sendhon Langen Swara weton Tan Gun Swi Kediri tahun 1940 mratelakake
menawa tembang iku mengku serasa lelagoning tembung
c. Ing
serat Bausastra Jawa Kawi aggitane CF Winter SR cap-capan gupermen ing Betawi
kang kawedhar ing tahun 1880 kaca 210 nyebutake Manawa tembang utawa sekar
ngemu teges tabuh gitik utawa pupuh, mula yen lagi nindakake tetembangan
disebut pupuh
d. Kajaba
saka iku ana panemu manawa tembang ngemu teges lelagoning tembung kang
katindakake sarana swaraning manungsa (vocal), dene lelagon kang katindakake
denig sarana swarane gamelan kinaran “ gendhing “.
Saka
andharan kang kababar lan kajupuk saka werna-wern panemu iku, bisa kajupuk
dudutan, menawa “ Tembang “ yaiku tembung utawa ukara kang dilagokake dening
swaraning manungsa mawa laras slendro utawa pelog ( tangga nada Pentatonis ).
Jinising Tembang Jawa:
1.
Tembang Gedhe
2.
Tembang Tengahan
3.
Tembang Cilik/Macapat
4.
Tembang Dolanan
B.
HAKIKAT TEMBANG MACAPAT
1.
Pangerten
Tembang Macapat
Macapat
uga sinebut Sekar utawa Tembang Cilik (alit), ana uga kang ngarani Maospatan
utawa Macapatan, awit anggone nembangake kapedhot papat-papat wanda. Ewa semana
anggone medhot tembung kudu ngelingi lang nggatekake reroncening kang karakit
ana ing tembang, dadi ora waton medhot patang wanda, ananging kudu migatekake
marang tembung-tembunge, aja nganti medhot kanthi andadekake surasa utawa
tegese tembung dadi pudar utawa ora trep. Katrangan iku nuduhake manawa tembang
macapat kategesake saka teknik utawa cara anggone nembangake utawa kanthi
etimologis.
Serat “Mardowalagu” anggitane R. Ng.
Ronggowarsita (1802-1887) sawijining Pujangga Kraton Surakarta lan miturut
wedharan Serat “ Centhini” anggitae Paku Buwana V ngandharake manawa tembang
Macapat iku tembang kang kaping papat, babagan kuwi bisa kapirid saka golongane
tembang kang wus kababar ing panjlentreh sakdurunge (kapungkur).
2.
Tuwuh lan Ngrembakane Tembang Macapat
Miturut
andharan Serat “Purwakanthi“ anggitane M. Ng. Mangun Wijaya (1922), Serat “Titi
Asri “ anggitane Supardal Hardosukarto
(1925) sarta miturut Serat “Pathokaning Sekar“ anggitan R. Hardjowirogo (1925)
nyebutake menawa tembang macapat iku wiwit ana nalika pungkasani jaman
Majapahit raja Prabu Brawijaya VII ( 1978) lan ngrembaka ing Jaman Demak,
Mataram Jawa Tengah lan sateruse.
Kasebutake
uga manawa tembang Macapat karipta dening para Wali, katitik kayata : tembang
Durma karipta dening Sunan Bonang, Pocung dening Sunan Muryapada, Mijih dening
Sunan Geseng, Kinanthi dening Sunan Pajang, Dhandhanggula dening Sunan Kalijaga
lan sapanunggalane.
3.
Jinis
Golongan Tembang Macapat
Saka
pangerten kang sumebar ing masyarakat kalebu ing laladan pawulangan
(pendidikan), tembang macapat kaperang ana
11 golongan utawa jinis yaiku
-
Maskumambang
-
Mijil
-
Sinom
-
Asmaradana
-
Kinanthi
-
Gambuh
-
Durma
-
Pangkur
-
Dhandhanggula
-
Megatruh lan
-
Pocung
4.
Ciri utawa Paugeran Tembang Macapat
a.
Ciri
Struktural Tembang macapat
Tembang
Macapat nduweni ciri structural utapa paugeran baku kang mbedakake tembang
macapat karo karya sastra liyane kang awujud tembang utawa lelagon. Kang
dikarepake ciri structural yaiku magepkan karo bleger utawa wujug phisik
tembang Macapat
Ciri struktural
mau nyakup ing babagan kayata :
1.
Guru Gatra :
yaiku minangka akehe larikan utawa
ukara saben sapada tembang
2.
Guru Wilangan :
yaiku jumlahing/cacahing
wanda (suku kata) ing saben gatra
3.
Guru lagu : tibaning swara utawa
dhong-dhing (huruf hidup)
ana ing pungkasaning gatra
4.
Pada :
kadedean saka larikan utawa gatra ana ing satembang, uga kinaran bait ( bahasa
Indonesia)
5.
Pupuh
:
kedadean saka akehing pada nanging isih satembang
b.
Ciri-ciri
Non Struktural Tembang Macapat
1.
Lagu Winengku sastra
Tembang
macapat lan tembang tengahan kita tapungi
istilah “Lagu Winengku
sastra“, nduweni teges manawa
antarane lagu lan sastrane kang luwih dipentingake yaiku sastrane, mula ora
mokal manawa ing tembang macapat olah basane luwih diutamakake katimbang lagune
kang luwih prasaja. Dene ing tembang
Gedhe kang luwih dipentingake yaiku lagune tinimbang sastrane, mula ing tembang
Gedhe ditepungi istilah Sastra winengku lagu.
2.
Watak-watak Tembang
Macapat
Aturan
non struktural sing ora kalah
wigatine, yaiku watak =>
karakter/sifat ing saben tembang macapat.
3.
Sasmita Tembang Macapat
Tembung sasmita
mulabukane saka basa Kawi kang ateges semu,
tandha utawa pasemon. Sasmita yaiku
tandha/tetenger kang ana ing saben tembang macapat, sasmita kasebut
bisa awujud
ukara utawa tembung kang mapan ana ing wiwitan utawa pungkasaning gatra kang
nuduhake jinise pupuh tembang.
No
|
Jinise Tembang
|
Jumlah
Gatra
|
Guru lagu lan guru
wilangan
|
Sasmita Tembang
|
1
|
Maskumambang
|
4 gatra
|
12i, 6a, 8i, 8a
|
Kentir, timbul, ngemasi,
kentar, kumembeng, kambang, kekambangan
|
2
|
Pocung
|
4 gatra
|
12u, 6a, 8i, 12a
|
Kaluwak, bapak
pocung,wohing pocung
|
3
|
Gambuh
|
5 gatra
|
7u, 10u, 12i, 8u, 8o,
|
Jumbuh, tambuh,tumambuh,
tambuh-tambuh trep
|
4
|
Megatruh
|
5 gatra
|
12u, 8i, 8u, 8i, 8o
|
Pegat, dhudhuk, andhudhuk
|
5
|
Mijil
|
6 gatra
|
10i, 6o, 10e, 10i, 6i, 6u
|
Miyos, metu, wijil,
tuwuh, mios
|
6
|
Kinanthi
|
6 gatra
|
8u, 8i, 8a, 8i, 8a, 8i
|
Kanthen, sarimbit,
kanthi, gandheng, ginandhen
|
7
|
Asmaradana
|
7 gatra
|
8i, 8a, 8e/o, 8a, 7a, 8u,
8a
|
Kingkin, brangta, brangti
gandrung, wuyung, kasmaran
|
8
|
Pangkur
|
7 gatra
|
8a, 11i, 8u, 7a, 12u, 8a,
8i
|
Pungkur, kawiyat, lalis,
mingkur, wuntat, kawuntat, yudhakenaka.
|
9
|
Durma
|
7 gatra
|
12a, 7i, 6a, 7a, 8i, 5a,
7i
|
Ngunduri, mundur,
durkara, duraka, durmuka, kondur. Lsp
|
10
|
Sinom
|
9 gatra
|
8a, 8i, 8a, 8i, 7i, 8u,
7a, 8i, 12a
|
Anom, mudha, kanoman,
taruna, Kenya, weni, srinata, roning, kamal lsp
|
11
|
Dhandhanggula
|
10 gatra
|
10i, 10a, 8e, 7u, 9i, 7a,
6u, 8a, 12i, 7a
|
Sarkara, artati, manis,
gendhis, legi , dhandhang lsp
|
5.
Watak lan Falsafah Tembang Macapat
Sak liyane
paugeran-paugeran kang kababar ing ngarep, tembang macapat ing saben jinise
nduweni watak tembang lan falsafah kang uga beda siji lan sijine. Watak tembang
minangka sipat kang kakandhut ana ing saben jinis macapat, semana uga falsafahe
tembang macapat yaiku minangka gemabarane panguripaning manungsa kang kawiwitan
saka ing sajroning kandhutan, lair nganti tumekaning pati.
Babagan watak lan falsafah
tembang macapat bisa kajlentrehake kaya ing ngisor iki :
No
|
Tembang
|
Falsafah
|
Watak
|
1
|
Maskumambang
|
Nalika lagi ing njero
kandhutan
|
Nelangsa, ngeres, mathuk
kanggo nggambarake rasa sedhih lan karanta-ranta
|
2
|
Mijil
|
Gambarake nalika bayi lair
|
Prihatin, mathuk kanggo
crita kang ngmet kasedhihan utawa pitutur kang melas asih
|
3
|
Sinom
|
Nalika wong isih
mudha/remaja
|
Lincah, trenggina.
canthas, kenes lan sigrak kang nggambarake watake wong nalika isih mudha
|
4
|
Asmaradana
|
Ketaman asmara utawa
tresna asih
|
Sedhih lan prihatin ing
babagan katresnan
|
5
|
Kinanthi
|
Wus bisa urip bebarengan/
sarimbitan
|
Seneng, tresna mathuk
kanggo pitutur kang ngemu rasa tresna utawa gembira
|
6
|
Gambuh
|
Bisa njumbuhake antarane
kebutuhan lahir lan batin
|
Semanak, grapyak,
sumadulur cocok kanggo pitutur kang raket lan nyenengake
|
7
|
Dhandhanggula
|
Wis bisa ngrasakake
mainising urip utawa mulyaning panguripan
|
Ngresepakea, sedhep lan
luwes mathuk kanggo medharake rasa kangapa wae
|
8
|
Durma
|
Suka paweh derma, seneng tetulung amarga wus
kacukupan uripe
|
Sereng, nesu, mathuk kanggo
medharake rasaning ati kang gregeten utawa crita perang
|
9
|
Pangkur
|
Ngungkurake kadonyan
|
Teges, nepsu, sereng,
gandrung, wani lan kenceng/banter, mathuk kanggo crita utawa pitutur kang
wani nesu
|
10
|
Megatruh
|
Pisahing nyawa lan raga
|
Trenyuh, memelas, keranta-ranta
nrenyuhake
|
11
|
Pocung
|
Wus mati utawa wus
dipocong
|
Greged kendho, santai sak
kepenake
|
6.
Macapat
Fungsi lan Gunane Tembang
Tembang
macapat asring sinebut lagu waosan (wacan/bacaan), yaiku sawijining lagu kang
mligi kanggo maca buku utawa tulisan/seratan kang awujud tembang.
Fungsi lan gunane tembang macapat
akeh lan warna-warna, ing biyen nalika kerajaan, tembang macapt kaya ing ngisor
iki, kayata :
a. Kanggo
medharake rasa lan ciptane para pujangga
Ing jaman biyen mula pujangga
kraton manawa medharake
isi manahe lan krenteging pikir lumrahe karana tembang.
b. Kanggo
tolak bala
Tembang macapat uga
bisa kanggo nolak utawa nangkal sawijining rubeda
utawa bebaya. Manut
critane menawa nglagokake tembang macapat tolak bala ing wayah bengi bisa
nyingkirake sakabehing gendam lan pangarah kang ora becik karana pambiyantu jin
utawa lelembut, uga bisa nyingkirake sedya ala saka menungsa liyane, kayata :
maling, kecu, lsp.
c. Kanggo
pitutur
Ora sethitik para
leluhur kita manawa medharake pitutur karan tembang macapat, babagan iki bisa
dipahami nalika sira nyinaoni ing tuladha-tuladhane tembang macapat kang
kababar ing sabanjure.
d. Kanggo
crita
Ora sethitik
crita-crita sejarah, babad crita wayang kang dianggit karana wujud crita,
kayata : Ramayana, Mahabarata, Crita Colonarang, Serat Centhini, Damarwulan, lsp.
Sakliyane iku ing Jaman
Kraton Demak nalika jamane para Wali Sanga tembang macapat kagunakake kanggo
syi’ar agama Islam, Ananging saka majuning jaman fungsi lan gunane tembang
macapat uga melu dadi ngrembaka ngetutake peradabane masarakat. Semana uga ing
jaman saiki, ora sithik tembang macapat sakliyane kanggo syiar agama ora mung
Islam, anangin uga agama liyane. Ing laladan Budaya Jawa Tengah wujud tembang
macapat banjur digunakake ana ing sajroning karawitan. Fungsi tembang ora
sethithik digunakake kanggo gendhing. Kayata :
-
bawa gendhing, -
gerongan,
-
gendhing sekar, -
sindhenan,
-
ada-ada/sulukan, -
palaran
Babagan iki nuduhake manawa macapat
wus wiwit digunakake/difungsikake kanggo
panglipur. Kanthi mangkana wus pranyata manawa guna lan fungsine tembang
macapat iku dadi saya kompleks lan akeh banget.
Cara
nembangake tembang macapat diarani dhendha kerata , tegese anggone nembangake
kudu cetha sambungane, lugu lan bares, prasaja (ora kakehan luk, cengkok lan
wilet kaya tembang gedhe), amarga kudu inget teges lan wose tembang kang diwaca.
Babagan
kang kudu dimangerteni lan dipahami kayata :
- Andhah swara lan anung swara
Andhah
swara yaiku luk kang mapane ana ing wanda keri dhewe utawa pungkasan gatra, dene anung swara yaiku
luk kang mapan ana ing tengah utawa wiwitan gatra.
Tuladha
;


- Pedhotan
Pedhotan
yaiku asone napas nalika nembangaake macapat, bisa mapan ana ing saben wanda
ana ing tembung kang diarani pedhotan kendho, uga bisa ing pungkasane wanda
kang diarani pedhotan kenceng
- Andhegan
Andhegan
yaiku medhot anggone nembang, bedane yen pedhotan iku medhot ana ing tembung,
manawa andhegan iku mandheging tembang ana pungkasaning ukara. Manawa mandheg
ing pungkasaning ukara nanging tegese tembang durung rampung diarani andhegan
wantah ( medhot/mandheg ukara tekan koma). Andegan alit medhot ukara wis
rampung tegese (titik) dene andhegan ageng yaiku mandheg ukara nanging tegese
tembang sapada uwis rampung.
- Padhang ulihan
Andhegan
wantah lumrah diarani padhang dene andhegan ageng lumrahe diarani ulihan.
- Wirama
Wirama
ing sajronie nembang macapat kudu ajeg, tegese anggone nembangake macapat bebas
lan mardika anggone miramakake waton jumbuh karo kaendahane, trep karo titi
laras, pedhotan, lsp.
- Rerenggan Wirama
Babagan
rerenggan wirama utawa olah wirama diperang dadi 6 yaiku ;
a.
Wilet :
variasi utawa kembangane ing babagan pangolahan cengkok
b.
Cengkok :
rerengkaning titilaras uga gaya lagune/tembangane
c.
Laras :
yaiku nadha utawa endhek, dhuwur, dawa, lan cendhake swara kang jumbuh karo titi larase
d.
Luk :
liyak-liyuking swara nglimput andhah swara lan anung swara
e.
Gregel :
variasi luk kang dicepetake (fibrasi)
f.
Sliring :
yaiku nyimpange swara saka laras (falsetto)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar