Kamis, 27 Juli 2017

CRITA CEKAK

A.    Tegese lan Jinise Cerkak
Crita cekak iku crita gancaran kang ngandhut prastawa kang ora dawa lan ora akeh alur critane. Crita cekak utawa cerkak kuwi crita kang cekak wae lan isine fokus ing sawijining paraga sarta sawijining kadadean kang dialami paragane kuwi.
Unsur crita cerkak bisa kabedakake dadi unsur intrinsik (unsur ing njero) lan unsur ekstrinsik (unsur ing njaba). Ing piwulangan iki kang diterangake babagan unsur intrinsik. Ciri-ciri cerkak : Critane ringkes, Dumadi saka sakprastawa, Gegayutan karo lelakone manungsa, lan Alur crita dumadi saka wiwitan, dredah, ngrampungake perkara

B.     Unsur Pambangun Cerkak
Unsur intrinsik cerkak :
  1. Tema yaiku sari pati crita sing di andharake utawa di critakake.
  2. Paraga yaiku wong sing maragani crita. Paraga kaperang dadi telu.
- Paraga utama sing uga dijenengi protagonis.
- Paraga mungsuh sing uga dijenengi antagonis.
- Paraga tambahan sing uga dijenengi tritagonis.
Watak.Watak yaiku karakter utawa sikap sing diduweni saben paraga sajroning crita.
  1. Alur yaiku lakuning crita utawa urut-urutane crita. Alur kaperang dadi telu.
- Alur maju (Progresif) yaiku alur sing nyritakake utawa nggambarake kahanan saiki kanthi sateruse.
- Alur mundur (Regresif) yaiku alur sing nggambarake kahanan saiki, diterusake ngandharake kahanan sing kepungkur.
- Alur campuran
  1. Latar utawa setting yaiku perangan sing nerangake papan utawa wektu, kelakone kadadeyan ing crita iku.
Jinise latar: wektu, papan, swasana/kahanan.
  1. Amanat yaiku pesen sing arep diaturake dening pangripta marang pamaos. Utawi pesen sing sinandhi sajeroning crita.
Unsur Ekstrinsik utawa nilai-nilai kang ana sajroning cerkak, antarane:
a.       Nilai Religius/ Agama
Nilai kang ngandhut saka kapercayaan utawa agama sing dianut pripadhine manungsa.
b.      Nilai Moral lan Piwulangan
Nilai kang ngatur tindak tanduking manungsa ngandhut budhi pakerti lan tata krama.
c.       Nilai Sosial
Nilai kang ndadekake manungsa sadhar ngenani urip ing masyarakat kanthi rasa kekeluargaan.
d.      Nilai Budaya
Nilai utawa tatanan kang dadi kebiasaan ing sajroning kelompok masyarakat.

C.    Prosedur teknik penulisan tembang Pangkur
Langkah-langkah kanggo nulis cakepan tembang Pangkur, yakuwi:
·           Maca teks cerkak kanthi rampung lan pratitis.
·           Gawe ringkesane cerkak kanthi migunakake basa padinan.

D.    Teknik penyuntingan tembang Pangkur
·           Nyunting tembang iku tegese maca sinopsis cerkak sing ditulis dening kanca sabanjur nggoleki tembung-tembung
·           sing kira-kira krasa kurang mathuk utawa kurang jumbuh karo basa jawa kang bener banjur siswa bisa mbenerake tembung-tembung sing dirasa kurang pas ana sajroning tembang kasebut mula saka kuwi aja sungkan-sungkan jalaran saben wong iku nduweni panemu kang beda iku diarani lumrah.

E.     Teknik penyajian Teks Cerkak secara lisan atau tulisan
Penyajian teks cerkak berupa tulisan yang disunting teman sejawat. Selanjutnya hasil sinopsis dapat diceritakan kembali secara lisan di depan kelas.


Tidak ada komentar:

Posting Komentar