Kamis, 27 Juli 2017

MATERI TEMBANG SMA K13

Kanggo siswa SMA/SMK/MA ngrembug babagan tembang Macapat kang ana sajroning Serat Wedhatama lan Serat Tripama. Serat Wedhatama awujud pupuh tembang Pangkur, Sinom, Pocung, Gambuh, Kinanthi. Serat Tripama awujud tembang Dhandhanggula.
Serat Wedhatama lan Serat Tripama kaanggit dening K.G.P.A.A. Mangkunegara IV kang nduweni asma cilik R.M. Sudira. Lair wonten Surakarta, 3 Maret 1811 (Senin pahing, 8 Sapar 1738 tahun Jawa Jumadil Akir).

SERAT WEDHATAMA
Serat wedhatama yaiku salah sawijining seratan Kanjeng Gusti Pangeran Adhipati Arya (KGPAA) Mangkunegara IV kang ngandhut piwulang luhur kanggo mbangun budi pekerti. Serat wedhatama kadhapuk saking tembung serat (tulisan), wedha (ajaran/piwulang/ilmu), tama (utama). Serat wedhatama ngemot tembang macapat. Cacahe ana limang pupuh, yaiku pupuh Pangkur 14 pada, pupuh Sinom 18 pada, pupuh Pocung 15 pada, pupuh Gambuh 35 pada, lan pupuh Kinanthi 18 pada.

SERAT TRIPAMA
Serat Tripama uga seratan Kanjeng Gusti Pangeran Adhipati Arya (KGPAA) Mangkunegara IV. Serat Tripama yaiku serat/tulisan kang ngandhut patuladhan telung paraga saka crita Ramayana kanthi lakon “Sumantri Ngenger”, “Kumbakarna Gugur”, lan crita Mahabharata “Adhipati Karna Gugur”.
a.       Patih Suwanda utawa Sumantri sanajan dadi abdi nanging pinter lan bisa gawe sugih negarane lan nurut marang rajane (bekti lan setya marang nagarane, ngenger marang Prabu Arjuna Sasrabahu).
b.      Kumbakarna nduweni sipat nasionalisme kang wani ngetohake jiwa lan ragane kanggo mbelani negarane. Kumbakarna mbelani Ngalengka saka pangamuke wadyabala Ramawijaya.
c.       Adhipati Karna yaiku punjere perang Bharatayudha. Sanajan piyambake ngerti manawa Pandhawa iku sedulure, nanging Karna tetep mbelani negarane Ngastina kang wis nggedhekake lan kang disetyani.


Tidak ada komentar:

Posting Komentar