1. Pangertosan Pawarta
Pawarta inggih menika informasi anyar utawa
informasi ngenani sawijining prastawa kang dumadi, diwartakake lumantar awujud
cetak, siaran, internet, utawa saka pirembugan marang wong liya utawa pamireng.
Sawijining informasi kang karacik ing sajroning pawarta padatan ngandhut
informasi kang wigati (penting).
Pawarta duwe titenan (ciri-ciri) yaiku:
1.
Tinemu ing akal (penalaran logis)
2. Informasi
pepak kang jumbuh kaliyan rumus 5W+1H
3. Struktur
basa trep
4. Diksi
trep ora ambigu
5. Narik
kawigaten
6.
Basa kang nengsemake
Pawarta ana kang awujud nonformal utawa non berita kang bisa ditegesi minangka informasi
kang asipat panglipur, ananging ngandhut kawruh. Umpamane sawijining
pengalaman, panemu, teknik-teknik kang paedah sajroning urip padinan. Lajeng pawarta ingkang awujud berita
(news), yaiku sawijining sajian utama
ana ing mediya massa kajaba opini.
Golekibahanpawartabanjurngrakitminangkasawijiningtugas-tugaspokokwartawanlanbagianredaksi
ana ingpers (Media massa).
2. Perangane Pawarta
Perangane pawarta ing antarane yaiku:
a. Headline(judul/irah-irahan)
Headline
Inggih
menika irah-irahan kang gunane kanggo: (1) nggampangake pamaca ngreteni pawarta
kang bakal diwaca, (2) nuduhake pawarta dianggep wigati kanthi werna-werna
aksara utawa gambar.
b. Deadline (batas
wektu)
Ancas deadline yaiku nuduhake papan kadadeyan
lan jeneng mediya massa, mula perangan iki nyebut jeneng media massa, papan,
lan tanggal kadadeyan.
c. Lead
(teras pawarta)
Lead
biyasane katulis ing wiwitan pawarta, ing paragraf kapisan. Bab iku tinulis
amarga minangka perangan kang wigati saka pawarta, kang nemtokake saripati
pawarta, lan nggambarake sakabehe pawarta.
d. Bodylanguage
(surasane pawarta, bahasa tubuh)
Surasane nyritakake
prastawa kang diwartakake kanthi basa kang cekak, aos, lan cetha. Kanthi
mangkono body language minangka
pangembange pawarta.
3. Unsur-unsur Pawarta
Unsur-unsur
kang kudu ana ing pawarta yaiku 5W (what,
where, when, why, who) + 1H (How)-(apa,
ing ngendi, kapan, kenangapa, sapa, lan kepiye)
4. Sipat Pawarta
a.
Aktual
(anyar). Bab-bab kang anyar luwih becik tinimbang pawarta lawas.
b.
Jarak (adoh/cedhak). Pamaos luwih
nggatekake tumrap prastawa kang dumadi ingg sakiwa tengene tinimbang pawarta
saka papan liyan.
c.
Penting. Sawijining bab bakal dadi
pawarta yen dianggep perangan kang penting amarga bisa ngendhaleni panguripan
ing bebrayan agung.
d.
Akibat. Sawijining bab dadi pawarta yen
ndadekake ngowah kahanan
e.
Congkrah/konflik. Pamaos luwih seneng nyetitekake pawarta kang surasane
cecongkahan.
f.
Tintrim (ketegangan). Tuladhane: nalika
nulungi wong ing kacilakan.
g.
Kemajuwane inovasi utawa owah-owahan teknologi.
Pawarta kang kekinian luwih narik
kawigaten pamaose.
h.
Emosi,
sawenehe pawarta yen diwartakake bisa ndadekake nesu, susah, tangis, gela. Tuladha:
nemokake bayi ing pawuhan.
i.
Humor,
gawe sengsem, mesem, lan guyu.
5. Teknik nulis pawarta (tahap)
a.
Pengorganisasian/nglumpukake fakta utawa
data. Data ing kene awujud wawancara (wawan rembug), kadadeyan langsung, utawa data-data
tinulis.
b.
Nemtokake teras berita (lead)
c.
Milih tembung-tembung kang jumbuh karo
pawarta, nggunakake alur kang runtut aja molak-malik utawa
dienjah-enjah/dilompati supaya ora mbingungake pamiyarsane.
d.
Ngawiti nulis kanthi jenjem lan temenan.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar