Kamis, 27 Juli 2017

OMAH JOGLO

1.      Pangertosan Teks Deskripsi
Deskripsi yaiku sawijining wujud tulisan kang ana sesambungane karo pambudi dayane penulis kanggo menehi pepincren-peprincen saka sawijining objek (panggonan, manungsa, barang, lan sapanunggalane). Sajrone deskripsi penulis mindhahake kesan-kesane, mindhahake asile pengamatan lan rasa pangrasane marang para pamaca. Wacana iki njlentrehake sipat lan sakabehe peprincen wujud kang bisa ditemokake saka objek kasebut. Ancas kang pingin diwujudi dening panulis deskripsi yaiku ngripta daya khayal pamaca, kaya-kaya pamaca bisa nyawang objek kuwi mau kanthi wutuh lan cetha.
Cethane wacana deskripsi iku wacana kang nggambarake utawa njlentrehake kanthi cetha salah sawijining kahanan utawa obyek, lan kaya-kaya kang padha maca isa ngrasakake utawa ngreti kaya kang dicritakake.
Topik-topik kang bisa dikembangake dadi tulisan deskripsi yaiku :
a.    Kahanan ruang, umpamane ruang sinauku, gerbong sepur kelas ekonomi, lan pos rondha ing desaku;
b.    Kahanan barang, umpamane maneka warna kembang ing Taman Bunga Nusantara, wong-wong suku Dayak, lan sapanunggalane
c.    Proses, umpamane proses nggawe klambi kebaya lan budhal menyang sekolah.

2.     Jinising Omah Joglo
a.       Omah Joglo
b.      Omah Limasan
c.       Omah Kampung
d.      Omah Tajug atau Tarub
e.       Omah Panggang Pe

3.     Nilai-nilai perangan Omah Joglo
Perangan
Papan lan Guna
Filosofi
Pendhapa/ teras
Sisih ngarep dhewe
Gunane kanggo nampa tamu
Tinarbuka: sing nduwe omah ora pilih-pilih anggone nampa tamu.
Anggone nampa tamu dibagekake kanthi apik
Pringgitan
Sak-mburine pendhapa
Gunane kanggo nggelar wayang (ringgit)
Sing nduwe omah melu nguri-uri budaya Jawa
Dalem agung
Sak-mburine pringgitan
Gunane kanggo ruwang kluwarga (rembugan kluwarga)
Katutup: nudhuhake manawa anggone rerembugan aja nganti krungu liyan.
Senthong
Sajroning dalem agung
Kanggo kamar, nyimpen pusaka, lan ngibadah
Tansah eling marang Gusti, ngrumat barang kang wigati lan nguri-uri budaya (pusaka)
Pawon/gandhog
Sisih mburi dhewe
Kanggo masak lan reresik dhiri
Nutupi babagan kang siningit mulane panggone mburi dh

UNGGAH-UNGGUH BASA

Ngoko lugu
Ngoko alus
Krama lugu
Krama alus
· Digunakake marang bocah padha bocah
· Wong tuwa marang wong enom/bocah.
· Atasan marang rewange (bawahane).
· Kabeh basane ngoko
· Wuwuhan kabeh awujud ngoko (dak-, ko-, di-, -ake).

Tuladha: Aku lagi tangi turu.
· Digunakake wong tuwa marang wong enom nanging luwih dhuwur drajade kanggo ngurmati utawa sewalike.
· Adhi marang kangmase.
· Basane awujud ngoko, krama, krama inggil, lan netral.
· Wuwuhan kabeh awujud ngoko.
· Kowo=> panjenengan.
· Lesan (predikat) dikramakne/krama inggil.

Tuladha: Panjenengan sida tindak menyang kantor ora?
·      Digunakake wong enom marang wong sing luwih tuwa amarga wis akrab.
·      Adhi marang kakange.
·      Saumuran nanging lagi kenal
·      Kadadean saka basa krama, madya, lan netral.
·      Wuwuhan ora dikramakake.
·      Kowe=>panjenengan.
·      Aku=> kula.

Tuladha: Sampeyan napa empun nate kesah dhateng Semarang?
Ngga kang nagasarine disambi.
·   Digunakake wong enom marang wong tuwa.
·   Bawahan marang atasane.
·   Wong kang lagi kenal.
·   Basane awujud krama inggil, madya, lan netral.
·   Wuwuhan kang digunakake kabeh dikramakake.
·   Aku=> kula.
·   Kowe=> panjenengan

Tuladha: Panjenengan badhe tindak pundi bapak?
Simbah sampun sare.

PAWARTA

1.      Pangertosan Pawarta
Pawarta inggih menika informasi anyar utawa informasi ngenani sawijining prastawa kang dumadi, diwartakake lumantar awujud cetak, siaran, internet, utawa saka pirembugan marang wong liya utawa pamireng. Sawijining informasi kang karacik ing sajroning pawarta padatan ngandhut informasi kang wigati (penting).
Pawarta duwe titenan (ciri-ciri) yaiku:
1.      Tinemu ing akal (penalaran logis)
2.      Informasi pepak kang jumbuh kaliyan rumus 5W+1H
3.      Struktur basa trep
4.      Diksi trep ora ambigu
5.      Narik kawigaten
6.      Basa kang nengsemake
Pawarta ana kang awujud nonformal utawa non berita kang bisa ditegesi minangka informasi kang asipat panglipur, ananging ngandhut kawruh. Umpamane sawijining pengalaman, panemu, teknik-teknik kang paedah sajroning urip  padinan. Lajeng pawarta ingkang awujud berita (news), yaiku sawijining sajian utama ana ing mediya massa kajaba opini. Golekibahanpawartabanjurngrakitminangkasawijiningtugas-tugaspokokwartawanlanbagianredaksi ana ingpers (Media massa).
2.      Perangane Pawarta
Perangane pawarta ing antarane yaiku:
a.      Headline(judul/irah-irahan)
Headline Inggih menika irah-irahan kang gunane kanggo: (1) nggampangake pamaca ngreteni pawarta kang bakal diwaca, (2) nuduhake pawarta dianggep wigati kanthi werna-werna aksara utawa gambar.
b.      Deadline (batas wektu)
Ancas deadline yaiku nuduhake papan kadadeyan lan jeneng mediya massa, mula perangan iki nyebut jeneng media massa, papan, lan tanggal kadadeyan.
c.       Lead (teras pawarta)
Lead biyasane katulis ing wiwitan pawarta, ing paragraf kapisan. Bab iku tinulis amarga minangka perangan kang wigati saka pawarta, kang nemtokake saripati pawarta, lan nggambarake sakabehe pawarta.
d.      Bodylanguage (surasane pawarta, bahasa tubuh)
Surasane nyritakake prastawa kang diwartakake kanthi basa kang cekak, aos, lan cetha. Kanthi mangkono body language minangka pangembange pawarta.
3.      Unsur-unsur Pawarta
Unsur-unsur kang kudu ana ing pawarta yaiku 5W (what, where, when, why, who) + 1H (How)-(apa, ing ngendi, kapan, kenangapa, sapa, lan kepiye)
4.      Sipat Pawarta
a.       Aktual (anyar). Bab-bab kang anyar luwih becik tinimbang pawarta lawas.
b.      Jarak (adoh/cedhak). Pamaos luwih nggatekake tumrap prastawa kang dumadi ingg sakiwa tengene tinimbang pawarta saka papan liyan.
c.       Penting. Sawijining bab bakal dadi pawarta yen dianggep perangan kang penting amarga bisa ngendhaleni panguripan ing bebrayan agung.
d.      Akibat. Sawijining bab dadi pawarta yen ndadekake ngowah kahanan
e.       Congkrah/konflik. Pamaos luwih seneng nyetitekake pawarta kang surasane cecongkahan.
f.       Tintrim (ketegangan). Tuladhane: nalika nulungi wong ing kacilakan.
g.      Kemajuwane inovasi utawa owah-owahan teknologi. Pawarta kang kekinian luwih narik kawigaten pamaose.
h.      Emosi, sawenehe pawarta yen diwartakake bisa ndadekake nesu, susah, tangis, gela. Tuladha: nemokake bayi ing pawuhan.
i.        Humor, gawe sengsem, mesem, lan guyu.
5.      Teknik  nulis pawarta (tahap)
a.       Pengorganisasian/nglumpukake fakta utawa data. Data ing kene awujud wawancara (wawan rembug), kadadeyan langsung, utawa data-data tinulis.
b.      Nemtokake teras berita (lead)
c.       Milih tembung-tembung kang jumbuh karo pawarta, nggunakake alur kang runtut aja molak-malik utawa dienjah-enjah/dilompati supaya ora mbingungake pamiyarsane.

d.      Ngawiti nulis kanthi jenjem lan temenan. 

CRITA CEKAK

A.    Tegese lan Jinise Cerkak
Crita cekak iku crita gancaran kang ngandhut prastawa kang ora dawa lan ora akeh alur critane. Crita cekak utawa cerkak kuwi crita kang cekak wae lan isine fokus ing sawijining paraga sarta sawijining kadadean kang dialami paragane kuwi.
Unsur crita cerkak bisa kabedakake dadi unsur intrinsik (unsur ing njero) lan unsur ekstrinsik (unsur ing njaba). Ing piwulangan iki kang diterangake babagan unsur intrinsik. Ciri-ciri cerkak : Critane ringkes, Dumadi saka sakprastawa, Gegayutan karo lelakone manungsa, lan Alur crita dumadi saka wiwitan, dredah, ngrampungake perkara

B.     Unsur Pambangun Cerkak
Unsur intrinsik cerkak :
  1. Tema yaiku sari pati crita sing di andharake utawa di critakake.
  2. Paraga yaiku wong sing maragani crita. Paraga kaperang dadi telu.
- Paraga utama sing uga dijenengi protagonis.
- Paraga mungsuh sing uga dijenengi antagonis.
- Paraga tambahan sing uga dijenengi tritagonis.
Watak.Watak yaiku karakter utawa sikap sing diduweni saben paraga sajroning crita.
  1. Alur yaiku lakuning crita utawa urut-urutane crita. Alur kaperang dadi telu.
- Alur maju (Progresif) yaiku alur sing nyritakake utawa nggambarake kahanan saiki kanthi sateruse.
- Alur mundur (Regresif) yaiku alur sing nggambarake kahanan saiki, diterusake ngandharake kahanan sing kepungkur.
- Alur campuran
  1. Latar utawa setting yaiku perangan sing nerangake papan utawa wektu, kelakone kadadeyan ing crita iku.
Jinise latar: wektu, papan, swasana/kahanan.
  1. Amanat yaiku pesen sing arep diaturake dening pangripta marang pamaos. Utawi pesen sing sinandhi sajeroning crita.
Unsur Ekstrinsik utawa nilai-nilai kang ana sajroning cerkak, antarane:
a.       Nilai Religius/ Agama
Nilai kang ngandhut saka kapercayaan utawa agama sing dianut pripadhine manungsa.
b.      Nilai Moral lan Piwulangan
Nilai kang ngatur tindak tanduking manungsa ngandhut budhi pakerti lan tata krama.
c.       Nilai Sosial
Nilai kang ndadekake manungsa sadhar ngenani urip ing masyarakat kanthi rasa kekeluargaan.
d.      Nilai Budaya
Nilai utawa tatanan kang dadi kebiasaan ing sajroning kelompok masyarakat.

C.    Prosedur teknik penulisan tembang Pangkur
Langkah-langkah kanggo nulis cakepan tembang Pangkur, yakuwi:
·           Maca teks cerkak kanthi rampung lan pratitis.
·           Gawe ringkesane cerkak kanthi migunakake basa padinan.

D.    Teknik penyuntingan tembang Pangkur
·           Nyunting tembang iku tegese maca sinopsis cerkak sing ditulis dening kanca sabanjur nggoleki tembung-tembung
·           sing kira-kira krasa kurang mathuk utawa kurang jumbuh karo basa jawa kang bener banjur siswa bisa mbenerake tembung-tembung sing dirasa kurang pas ana sajroning tembang kasebut mula saka kuwi aja sungkan-sungkan jalaran saben wong iku nduweni panemu kang beda iku diarani lumrah.

E.     Teknik penyajian Teks Cerkak secara lisan atau tulisan
Penyajian teks cerkak berupa tulisan yang disunting teman sejawat. Selanjutnya hasil sinopsis dapat diceritakan kembali secara lisan di depan kelas.


MATERI TEMBANG SMA K13

Kanggo siswa SMA/SMK/MA ngrembug babagan tembang Macapat kang ana sajroning Serat Wedhatama lan Serat Tripama. Serat Wedhatama awujud pupuh tembang Pangkur, Sinom, Pocung, Gambuh, Kinanthi. Serat Tripama awujud tembang Dhandhanggula.
Serat Wedhatama lan Serat Tripama kaanggit dening K.G.P.A.A. Mangkunegara IV kang nduweni asma cilik R.M. Sudira. Lair wonten Surakarta, 3 Maret 1811 (Senin pahing, 8 Sapar 1738 tahun Jawa Jumadil Akir).

SERAT WEDHATAMA
Serat wedhatama yaiku salah sawijining seratan Kanjeng Gusti Pangeran Adhipati Arya (KGPAA) Mangkunegara IV kang ngandhut piwulang luhur kanggo mbangun budi pekerti. Serat wedhatama kadhapuk saking tembung serat (tulisan), wedha (ajaran/piwulang/ilmu), tama (utama). Serat wedhatama ngemot tembang macapat. Cacahe ana limang pupuh, yaiku pupuh Pangkur 14 pada, pupuh Sinom 18 pada, pupuh Pocung 15 pada, pupuh Gambuh 35 pada, lan pupuh Kinanthi 18 pada.

SERAT TRIPAMA
Serat Tripama uga seratan Kanjeng Gusti Pangeran Adhipati Arya (KGPAA) Mangkunegara IV. Serat Tripama yaiku serat/tulisan kang ngandhut patuladhan telung paraga saka crita Ramayana kanthi lakon “Sumantri Ngenger”, “Kumbakarna Gugur”, lan crita Mahabharata “Adhipati Karna Gugur”.
a.       Patih Suwanda utawa Sumantri sanajan dadi abdi nanging pinter lan bisa gawe sugih negarane lan nurut marang rajane (bekti lan setya marang nagarane, ngenger marang Prabu Arjuna Sasrabahu).
b.      Kumbakarna nduweni sipat nasionalisme kang wani ngetohake jiwa lan ragane kanggo mbelani negarane. Kumbakarna mbelani Ngalengka saka pangamuke wadyabala Ramawijaya.
c.       Adhipati Karna yaiku punjere perang Bharatayudha. Sanajan piyambake ngerti manawa Pandhawa iku sedulure, nanging Karna tetep mbelani negarane Ngastina kang wis nggedhekake lan kang disetyani.