KAWRUH KAGUNAN BASA
Jinis
|
Tegese
|
Tuladhane
|
tembung saroja
|
tembung kang dumadi saka rong tembung kang duweni teges padha digunakake bebarengan
|
sato kewan, adi luhung, salang tunjang, edi peni, jalma manungsa
|
tembung garba
|
tembung camboran kang sambungane awujud wanda menga lan wanda aksara swara. Tembung-tembung kasebut banjur bisa luluh dadi wanda anyar
|
a + a = a ( kusuma + astuti àkusumastuti
a + I = e ( teka + ing à tekeng)
a + e = e ( Ira + iku ( Ireku)
I + a (I,e, o, u) = y
( sami + oncat à samyoncat)
U + a (I,e,o,u ) = w
( tumuju + ing à tumujwing)
|
tembung plutan
|
tembung kang diilangi wandane ananging ora ngowahi teges
|
amrih à mrih
suwara à swara
sari à sri
|
Wancahan
|
Diwancah tegese ditugel, dicekak, utawa dikurangi.
Tembung wancahan yaiku tembung kang ditugel, dicekak, utawa dikurangi.
|
Menika = nika
Uwis = wis
Bapak = pak
|
Uluran
|
Diulur tegesipun dipanjangaken utawa dipuntambah.
Tembung uluran inggih menika tembung ingkang dipuntambahi wandanipun, limrahipun aksara swara
|
Nangis = anangis
Ngimbu = ingimbu
Nggayuh = anggayuh
|
Dasanama
|
Dasanama inggih menika jeneng/nama/aran ingkang anggadhahi teges ingkang sami utawi meh sami tegesipun ingkang cacahipun kirang langkungipun sedasa tembung/kathah.
|
Anak: siwi, putra, suta, sunu
Wong: janma, jalma, manungsa
Turu: tilem, sare, nendra
|
Baliswara
|
Rangkening tembung ingkang nyebal saking aturanipun. Utawi rerangkening tembung ingkang kuwalik /dipunwalik urutanipun.
|
Anoman malumpat sampun
Kudune: anoman sampun malumpat
|
Yogyaswara
|
Yogyaswara inggih menika tembung kalih ingkang meh sami pangucapanipun namung benten wanda pungkasan ingkang nggadahi teges jaler lan estri
|
Dewa dewi
Putra putri
Siswa siswi
|
Tembung Entar
|
Tembung entar inggih menika tembung ingkang tegesipun boten kados makna salugunipun (kata kiasan) utawi tembung ingkang boten kenging dipuntegesi sawantahipun.
|
Abang kupinge = nesu
Jembar kawruhe = akeh ilmune
Adol ayu = ngendelake ayune
|
KASUSASTRAN JAWA
Bebasan
|
Tegesipun unen-unen ingkang ajeg pangginakanipun ngemu surasa pepindhan ingkang dipunpindhakake sipat / kahanan tiyangipun.
|
Wis kebak sundhukane (wis akeh kaluputane)
Emban cindhe emban siladan (pilih sih)
Diwenehi ati ngrogoh rempela (diwenehi kalonggaran, wasana njaluk kalonggaran maneh)
|
Saloka
|
Tegesipun unen-unen ingkang ajeg pangginakanipun ngemu surasa pepindhan ingkang dipunpindhakake tiyangipun.
Magepokan karo sing disemoni, disanepani utawa dipindhakake lumrahe saemper kaanane alam, kewan, utawa tetuwuhan.
|
Bathok bolu isi madu (pawongan kang asor/kawula cilik nanging sugih kapinteran)
Kebo mulih menyang kandhange (pawongan kang bali menyang asale)
|
Paribasan
|
Tegesipun unen-unen ingkang ajeg pangginakanipun tegesipun wantah boten ngemu surasa pepindhan.
|
Rukun agawe santosa, crah agawe bubrah
Becik ketitik, ala ketara
Teteken tekun bakal tekan sedyane
|
Pepindhan
|
Tegesipun unen-unen ingkang ajeg pangginakanipun ngemu surasa pepadhan, irib-iriban, utawa emper-emperan.
Titenane: ana tembung pindha, kaya, lir, pendah, kadi, kadya, jajah.
|
Kaya jambe sinigar (kembar padha rupane)
Panase kaya mecah-mecahna gundhul (panas banget)
|
Candra
|
Tegesipun nggambar utawi amarna kaendahan/kaanan.
|
Drijine mucuk eri
Lakune macan luwe
Jogede merak kesimpar
Idepe tumengeng tawang
Tulisane mbata sarimbag
|
Tidak ada komentar:
Posting Komentar